Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti
Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita
sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan
setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken
dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita
tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan
Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan.
karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya.
Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang
kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya
dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan
lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka
penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken
ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih
lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun
inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah
saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan
ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb
read more “pidato bahasa jawa (lingkungan)”